Ing pasar adhine
Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo
adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu,
bapake mung kerja dadi buruh bangunan
lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh,
ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mba ora duwe
duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo
adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep
meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo
mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran
Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga
Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe
wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada
mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing
ora mampu, nanging bapake pingin Eka
dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora
kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka
arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
“Ka, kowe harus
dadi wong sing berguna lan ngelebihi
bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula
ajeng usaha,”
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis
tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat
esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap
Eka pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin.
Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,”
pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin.
Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku
sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan
amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga
dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing
apik.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing
diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata
sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung
nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali
menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum.
Bu,pak.”
“Wa’alaikum
salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima
juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka.
Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune
sing sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina
adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing
werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink
mba!”
Langsung bae Eka tuku sandal sing
dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga
wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya
mba.”
Atine Eka tambah bungah.