Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami
mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga
ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon
tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru
krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan
kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa.
“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking
prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek
panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali
kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?”
banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas
kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan
ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas
nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung
ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi
ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti
panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi.
Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula
kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal
lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha
banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti
kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane
Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas
Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa
ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging
dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi
Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora
bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong
Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti
nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin
aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran.
Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur
mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa
dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang
diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana
liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi
Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan
nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine
garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta
karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug
ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune
Mbok Randha Dhadapan.