![]() |
Assalamu alaikum wr.wb.
bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin
wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi aj’main
ama bakdu. amiin
Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,
dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo
hormati,
dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo
hormati,
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.
Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur
Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho
nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan
panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi pepanggihan
kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya wal akhiroh
kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho
panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah
ngaturaken solawat soho salam, allohuma soli ala sayidina Muhammad
dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang
kito antu – antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin
bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan
rumah, ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan. amargi
panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan rumah.
Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken
sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh
mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami. gupuh ateges didalam penerimaan
panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados
mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana. sepindah malih
kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.
Poro rawuh ingkang minulyo
selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking
wali temanten kakung inggih puniko Bapak……. nampi kanti leganing penggalih
pasrah temanten saking Bapak ……., pinongko walinipun temanten putri.
nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo
mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane
keluargo mriko.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan
saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh
namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara
sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak – piyambak mboten
wonten alangan setunggal punopo. amiin.
sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo
aturaken, katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh
samudro pangaksami.
kawulo akhiri,
Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu
alaikum wr wb