Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa
sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau
kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti
Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake
dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing
omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo
banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana
Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur
medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa
bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto
ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe
dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di
tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun
iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki
sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku
mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang
nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah
lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak
wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane
wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga
laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun
mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine
karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina
wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah
sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa
kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene.
Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan
kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas
bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok
randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan
dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah
lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka
ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu
lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh
kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun.
Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan
timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo
kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing
wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun
mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas
pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka
alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan
malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau
tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak
meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang
jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane
Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun
mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.